WELCOME TO MY BLOG | Please follow my blog and give criticism if there is a shortage in my blog | Share Game , RF PvP , Artikel , EBook , etc | Terus ikuti perkembangan perkembangan dalam blog saya ini | FB : search : Dika Catur Susilo | YM : dicka.swtlah | Twitter : @dikacaturs | Thanks before your visited my blog :D

efek

twitter

Pasang Iklan disini

Pasang Iklan Disini

Kamis, 27 Januari 2011

RIWAYAT ASAL MULA NAMI KOTA BATANG LAN DESA KALI KRAMAT

Ing jaman ingkang sampun kepungkur,kinten-kinten ing jaman Majapahit daerah Batang menika sampun dipunkenal wonten ing sejarah,nanging nami Batang menika piyambak nembe lair kinten-kinten kalih tengah abad lajeng ing jaman kerajaan Mataram islam ingkang kapimpin dening Sultan Agung Hanyokrokusumo Th.1613-1645.Ing wekdal semanten daerah Batang sisih wetan, kinten-kinten sisih wetan kali sambong , saniki taksih dados wana belantara ingkang dipunkenal alas roban siluman. Dipunnamani kados mekaten krana ing alas roban wau konon dipunhuni dening para siluman utawi jin-jin setan lan sanesipun. Dipuncariyosaken bilih ingkang dados raja jin / siluman ing ngriku ingkang nami Dadungawuk.


Sultan Agung sampun nyiapaken bekal kangge nyerang Walanda ( V.O.C ) menyang Jakarta ingkang wekdal semanten dipunnamani Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan ( samenika daerah subah ) ingkang nami Dipokusomo kangge nebang alas roban siluman kangge dipundadosaken sawah-sawah guna nyukupi kebutuhan pangan para prajurit ingkang badhe nyerang menyang Batavia. Nanging krana gangguan-gangguan saking para siluman ingkang manggon ing wana wau,kamangka para pekerja Bupati Kleyangan kathah ingkang sedo,lan penebangan wau boten kasil. Bupati Dipokusuma bingung, wonten laporan saking Mataram bilih piyambakipun boten sanggup nebang.
Tiyang punggawa kerajaan Mataram ingkang nami ki gedhe Cempaluk krana wonten salah kalian S.Agung mangka dipunpedhot saking jabatanipun lan piyambakipun kondur menyang Kesesi (sisih kidul pekalongan ).Ki Ageng Cempaluk sampun kathah dipunkenal dados tiyang ingkang sekti lan kathah ilmunipun.
Kelingan babagan mekaten lajeng Bupati Dipokusumo tindak menyang Kesesi kangge nyuwun bantuan kalian ki Ageng Cempaluk, kalian janji menawi piyambakipun saged nebang alas roban siluman wau, badhe dipunsuwunaken ngapura kalian S.Agung. Bingah manahipun ki Ageng, mangka dipunutuslah putranipun nem-neman kang sekti ingkang nami Joko Bahu kangge nglaksanakaken tugas wau.
Ananging Joko Bahu ngalami nasib kang sami kalian Bupati Kleyangan. Para pekerjanipun ugi kathah ingkang dipuntimpa malapetaka krana gangguan saking siluman. Bersemedilah Joko Bahu kangge mangerteni sebab musabab malapetaka kang nimpa anak buahipun. Mangka mbikaklah selubung misteri / rahasia kang nylimuti alas roban wau, lan ketingal dening piyambakipun bilih ingkang ngganggu anak buahipun wau inggih menikan siluman ingkang dipunpimpin Dadungawuk. Mangka kedadosan perang antarane Joko Bahu nglawan Dadungawuk sarta anak buahe. Dadungawuk lan anak buahe saged dipuntundhukaken lan tobat boten malih wantun ngganggu anak buahe Joko Bahu,kalian kalahe para siluman mangka nebang alas wau saged dipunlaksanakaken kanti lancer.
Penebangan dipunlaksanakaken saking arah wetan (kleyangan subah ) menyang kulon ngantos kali gedhe ( kali sambong / kali kramat ). Krana alas wau badhe dipundamel dados daerah persawahan mangka perlu dipunwontenaken pengairan. Lajeng dipundamel bendungan ing kali wau. Banyu mili menyang daerah-daerah alas kang sampun dipuntebang wau supados lemah wau saged lekas dipungarap kangge persawahan. Mangka piyambakipun cepet-cepet ndamel bendungan. Nanging rupane aliran kali wau boten tetep, kadhang arusipun lendhek, kadhang banter. Nanging tiba-tiba arus dados gedhe sahingga bendungan kang nembe dipundamel jebol. Joko Bahu nylidiki sebab-sebabe. Dipunngertosi dening piyambakipun bilih wonten nginggil kedung kali wonten watag (watag prahu ageng ) kang malang ing tengah kedung wau. Anak buahipun boten sanggup mindhahaken watag wau krana saking agenge,ugi mbetahaken watu ageng kangge mbendung.Mangka Joko Bahu nglakokaken tapa ing pinggir kali supados angsal kekiyatan gaib, supados saged nyingkiraken watag kang malang ing tengah kali wau,sarta angsal watu kang ageng ,lan wekdal semanten keleresan malem jumuah kliwon. Saking tekune olehe tapa mangka badhe fajar,bener-bener angsal watu ageng. Sasampunipun yakin bilih piyambakipun angsal keramat utawi kekiyatan gaib mangka piyambaakipun langsung tumuju menyaang panggonan watag kang malang wau. Watag kang waune ageng sanget saniki ketingal dados alit. Lajeng watag wau dipunjunjung lan dipuntugel dados kalih tanpa rekaos. Saking prastawa ngembat watag menikalah daerah menika dipunnamani “ Batang “ inggih menika saking tembung “ ngembat watang “ dados “ mbatang “ . Lajeng kali kangge panggenan Joko Bahu angsal kekiyatan gaib dipunnamani “ kali kramat “ krana Joko Bahu angsal kekiyatan gaib ing maalem jumuah kliwon, mila ing saben dinten jumuah kliwon kali wau dados tradisi “ kliwonan “ kathah dipunrawuhi tiyang-tiyang kangge mengeti dinten lan panggenan kramat wau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar